Cerita Wayang Mahabarata dengan lakon Pandawa Kembar dalam Bahasa Jawa
  Hmmm… Kakang Kurupati menyang Ngamarta nggawa prajurit sagelar sapa-pan ana parigawe apa?” pitakone Wrekudara marang keng raka.
  “Lhoh..! Kok sajak mejanani temen. Apa netra panduluku sing pancen  wis blawur. Wrekudara iki!?” pitakone Prabu Duryudana sajak kurang  precaya.
  “Isih pana kowe Kakang, aku Wrekudara kang ana ngarepmu. Baliya menyang Ngastina, undurna kabeh wadyabalamu.”
  “Waa wis kebacut tumeka kene je! Ora susah ngenteni Baratayuda. Ora  idhep kowe kuwi Wrekudara apa iblis, bakune dina iki kudu sirna saka  tanganku.”
  “Majuwa, bakal dak ajangi apa kang dadi karepmu.”
  Tetandhingan antarane Prabu Duryudana lan Dyan Wrekudara datan kena  den selaki. Bledug ngampak-ampak sumundhul ngawiyat. Alun-alun Ngamarta  kang dadi ajanging paprangan bosah-baseh ora karuwan. Suwarane  wadyabala Kuru Kancana lan Ngamarta kang padha andon yuda sangsaya gawe  horeging suwasana. Mulat sang Wisanggeni marang lumampahing paprangan.  Gya mateg mantram sakti. Eling-eling Wisanggeni mono titah kang kinacek  ing sesamane, mula gampang katrima kang dadi panyuwune. Eloking  kahanan, prajurit saka Kuru Kancana cacah ewon kang ndherekake Prabu  Duryudana nggecak perang Ngamarta sakala malih dadi roning waringin.
  Kagyat Sang Duryudana, Dursasana, Tirtanata, Kartamarma apadene Patih  Sangkuni. Legeg nyipati kahanan. Gya sinawat ing angin sindhung riwut  dening Raden Bratasena temah kabur kontal kongsi tumekan dhatulaya  praja Kuru Kancana. Ngreti Prabu Kurupati kendhang, Wisanggeni banjur  mrayogakake para kadang nglurug menyang Kuru Kancana ngluwari para  pepundhen.
  Prabu Duryudana sapendherek kang tiba gumebrug aneng dhatulaya tuhu  gawe kagyate Prabu Darma Lelana sakadang. Prabu Duryudana ngendika  sarwi nandukaken deduka merga rumangsa kena ing apus karma.
  “Paduka sampun mirsani piyambak, bilih wekdal samenika Pandhawa  taksih wonten ing pakunjaran. Mokal menawi wekdal samenika sampun  wonten Ngamarta,” ngedikane Prabu Darma Lelana  sareh.
  “Nanging nyatanipun sareng dumugi Ngamarta kula dipun papagaken  dening Werkudara. Pramila kula suwun Prabu Darma Lelana sakadang  kemawon ingkang ngrampungi prekawis menika. Mangke sasampunipun sembada  mbedhah Ngamarta merjaya pranakanipun, bumi Ngamarta didum sasigar  semangka kemawon. Kula sepalih, dene Paduka ugi sepalih.”
  “Yayi Guna Lelana, jeneng sira Yayi dak dhawuhi niliki kang  sabanjure  nyowanake Pandhawa sing wektu dinane iki isih ana  pakunjaran. Yen wus kasowanake ayo padha ditigas janggane ana alun-alun  Kuru Kancana, murih enggal ilang kliliping ingkang sinuwun Duryudana.”
  Kang kadhawuhan datan suwaleng kayun, gya nyuwun pamit mring  pakunjaran nganthi Pandhawa banjur kairit mring dhatulaya. Kedhep  tesmak pandulune Prabu Duryudana nalika uninga para Pandhawa kang  kasowanake isih kanthi kahanan dibanda astane.
  “Waaa kahanan kok kaya mangkene, angel anggonku mikir. Sinuwun Darma  Lelana, prekawis menika kula pasrahaken sawetahe dhateng Paduka. Kula  pun mboten badhe tumut-tumut malih. Ingkang baken tumrap kula  sakadang, Pandhawa dalah anak-anake kudu modar!”
  “Menika dhawah gampil Sinuwun. Paduka mboten sisah rumagang ing  karya. Pejahipun Pandhawa sakukuban kapasrahaken kewala dhateng kula  sakadang,” dhawuhe Prabu Darma Lelana agawe lejar penggalih Prabu  Kurupati.
  Nanging kedadak Raden Puja Lelana munggah ing sitinggil asung  palapuran menawa Pandhawa Lima ngamuk punggung ing Kuru Kancana sarwi  nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang.
  “Lhadalah, pripun yen ngaten niki? Estu ta ingkang dados  ngendikanipun anak prabu Kurupati?” sumelane Patih Sengkuni. “Pandhawa  ngamuk punggung ing alun-alun, lha lajeng sing dibanda niki sinten?”
  “Paman Patih mboten sisah tumut-tumut, pun kersane dirampungi  piyambak kaliyan Prabu Darma Lelana sakadang. Ingkang baken icaling  klilip kula nenggih Pandhawa sakpranakane,” sumelane Prabu Duryudana.
  “Para kadang kabeh, ayo bebarengan padha dipapagake kang lagi  sesumbar ana alun-alun. Aja lali pandhawa kang wus dadi bandan iki  digawa menyang palagan pisan!” dhawuhe Prabu Dharma Lelana kanthi  trewaca. Kang ana dhatulaya Kuru Kancana sigra metu njaba mapagake  tekane mungsuh. Sedaya datan ana kang katinggalan.
  Tekan ngalun-alun kawistara Pandhawa lima lagya mbegagah nyranti tekane Prabu Dharma Lelana sakadang.
  “Para kadang kabeh,” Raden Wisanggeni bisik-bisik. “Eling-elingen  kang dadi piwelingku, mangko kalamunta Pandhawa sing dikongkon maju  mapagake awake dhewe, aja padha diladeni…”
  “Lho, Wisanggeni ki piye? Yen ora oleh diladeni rak padha karo nyorohake patine para kadang,” panyelane Antareja.
  “Mengko dhisik ta. Durung rampung anggonku kandha. Bakune aja  diladeni, mengko yen nganti para kadang tumekeng lalis, Wisanggeni kang  bakal nanggung sakabehe. Cukup sembahen kaping telu sinambi ngeningake  netra batin nyenyuwun mring Hyang Manon kanggo miyak warana sapa  sejatine kang kok adhepi. Wis, ngono kakang kang dadi piwelingku. Aku  tak ngawat-awati saka kadohan wae kakang,” Raden Wisanggeni banjur  nggeblas lunga saka papan kono.
  Tan  pantara lama Prabu Darma Lelana sakadang wus prapta ing papan kono  nganthi Pandhawa miwah Prabu Duryudana, Dursasana, Tirtanata uga Patih  Sengkuni. Pirsa ing ngalun-alun uga ana Pandhawa cacah lima rumangsa  gumun sang Duryudana.
  “Sarehne sing mbarang amuk iku tetirone Pandhawa, mula kareben  Pandhawa iki wae sing ngadhepi. Yayi Guna Lelana, enggal luwarana  bandane Pandhawa, banjur dhawuhana maju pabaratan ngadhepi tetirone  kae,” dhawuhe Prabu Darma Lelana marang keng rayi. “Pun Kakang bakal  bali hange-dhaton, mangko samangsa-mangsa ana bebaya kang banget  mutawatiri pun kakang aturana pirsa ya Yayi.”
  Kang dhinawuhan sigra ngluwari bandane Pandhawa. Sabanjure Pandhawa  kadhawuhan maju ing pupuh ngadhepi tetirone. Para putra Pandhawa kang  lagi namur laku maksih eling marang pitungkase Wisanggeni, mula majune  Pandhawa babar pisan ora digape. Sawise caket sigra kasembah kaping  telu, sinartan donga panyuwun mring Hyang Manon murih lebdeng karya.  Kaelokaning jagad, Pandhawa kang nembe diluwari saka bebandane iku ilang  wewujudane malih dadi gegaman kadewatan. Prabu Punta babar dadi Jamus  Kalima Sada, Raden Wrekudara dadi Gada Rujak Pala, Dyan Janaka babar  dadi Saratama, semono uga satriya kembar kemanikan dadiya sanjatanira  sowang-sowang.
  Prabu Duryudana nggragap mulat kaelokaning lelakon, sigra nggemprang  mring kedhaton ngupadi Prabu Darma Lelana sakadang. Caos palapuran  kedadeyan ing alun-alun.
  Ing alun-alun, Raden Wisanggeni banjur mrepegi kadang-kadange maneh.
  “ Para kadang, sanjata iku padha pundhinen. Kanggonen sangu ngadhepi Prabu Darma Lelana sakadang. Wis enggal majua maneh!”
  Pandhawa tiron kang wus mandhe gegaman banjur nyumbari Prabu Darma  Lelana sakadang. Panas talingane midhanget swara panantang, wusanane  Prabu Dharma Lelana sakadang kabiyantu Prabu Duryudana maju ing palagan.  Saka papane sesingid, Wisanggeni bali mateg mantram sakti. 
  Dumadakan  ana mega mangampak-ampak nglurupi praja Kuru Kancana. Ilanging mega  bebarengan kalawan musnane praja Kuru Kancana kang pan-cen dumadi mung  karana cipta. Kraton saisine bali kadya sakawit dadi ara-ara Kurusetra  kang jembar hangilak-ilak.
  Tetandhingan antarane Pandhawa tiron mungsuh Darma Lelana sakadang  lumaku imbang. Yen ditimbang padha abote. Durung ana tandha-tandha sapa  sing bakal unggul lan sapa sing kasoran. Nanging suwe-suwe Prabu Darma  Lelana sakadang keseser yudane. Mulat mungsuhe karoban lawan, ponang  sanjata kang cinekel Pandhawa tiron arsa katamakake mring anggane  Prabu Darma Lelana sakadang. Ing kahanan kang mutawatiri mau  Wisanggeni malumpat saka papane singidan niyat misah marang para kang  lagi bandayuda. Mlumpate Wisanggeni bebarengan kalawan praptane jawata  Suduk Pangudal-Udal, Resi Kaneka Putra kang nunggal niyat kalawan  Wisanggeni nedya misah kang lagi rog bandawalapati.
  “Bregenjong-bregenjong pak-pak pong waru dhoyong ditegor uwong.  Waaaa…. padha kurang gaweyan iki. Bapak kok gelut mungsuh anak, ora  lucu. Hayo bubar-bubaaar. Kuwi sing padha memba-memba gage lukar  busana,” Dhawuhe Resi Narada karo gumujeng.
  “Weh kedhisikan Bathara Narada, mangka sakjane sutradharane aku he he  he. Ya  wis ora dadi ngapa. Para kadang, cukupna semene anggonmu namur  laku. Sajake wis kewiyak mungguh warananing lakon.”
  Para Pandawa kang nyekel senjata mau banjur badhar sejatining wujud dadi para putra Pandhawa.
  “Darma Lelana sakadang barang kuwi gage padha rucata! Apa dikira  jeneng ulun ora pirsa sapa sejatine Darma Lelana sakadang kuwi?”  ngendikane Bathara Narada.
  “Iya Mbah, tuturana para pepundhen Pandhawa kuwi. Padha murca  reka-reka dadi Prabu Darma Lelana sakadang mung gawe bingunging para  garwa putra,” sumelane Raden Wisanggeni.
  Sanalika badhar sejatining wujud Prabu Darma Lelana sakadang dadi  Pandhawa lima. Prabu Duryudana sapendherek kang rumangsa kewirangan  banjur nggeblas ninggalke Tegal Kuru tanpa pamit.
  “Sarawuh Paduka Pukulun Bathara Narada, sembah pangabekti kula konjuk,” ature Prabu Punta makili para kadang lan putra.
  “Hiya Kaki Prabu Punta wus ulun tampa. Balik pudyastawaning Ulun  muga rumenthah mring Kaki Prabu sakadang lan para putra. Iki mau lagi  ngapa, lha kok bisa pak karo anak padha gelut?”
  “Nuwun sewu Pukulun, lekas kula sakadang namung badhe murungaken  Baratayuda. Menawi Ngamarta kula pasrahaken dhateng kaka prabu  Duryudana lan kula sakadang cekap wonten Kuru Kancana, tartemtu perang  ageng jangkaning jagad badhe wurung.”
  “Sapa sing kandha? Bharatayuda tetep bakal dumadi, awit iku uga  winastan perang suci. Perange watak sura mungsuh asura. Sanajan  disrananana kaya ngapa tetep bakal kelakon. Mung pitungkas Ulun,  Pandhawa lima iku endhog sapetarangan ngibarate, mukti siji mukti  kabeh, mati siji liyane hangemasi. Mula raketing kekadangan kudu den  jaga. Aja padha kemba nindakake saliring kadarman kang anjog marang  katentremane kawula dasih sawegung. Iki kang dadi pitungkas Ulun,  raharja kang samya pinanggya, Ulun kondur kahyangan ngger,”  Bathara  Naradha gya cumalorot ing akasa kondur mring Suduk Pangudal-Udal.
  Para Pandhawa uga banjur kondur mring Ngamarta kadherekake para  putra. Prapteng Ngamarta Raden Wrekudara gya njoget tayungan minangka  tandha syukur konjuk mring Gusti Kang Mahalinangkung.
  (Tancep Kayon)
  sumber : tanahmemerah.wordpress.com 
