Cerita Wayang Bahasa Jawa : Palasara Rabi 
 
1 Jejer ing nagari Wiratha, Prabu Basu Kiswara, mios ing pancaniti ingkang suniwi putra Raden Durgandana, twin Patih Kiswata miwah para punggawa pepak kang anangkil, ginem ; ingkang putra Dewi Durgandini gerah, kringetipun mambet awon. Kang nata nampi wangsiting Bathara, sinaning sakit manawi Dewi Durgandini kabucal ing Bangawan Silu Gangga. Sang nata lajeng dawuh dateng ingkang putra Raden Arya Durgandana twin Patih Kiswata. Ingkang putra Dewi Durgandini kinen ambekta dateng Bangawan silu Gangga. Patih matur sendika. Sang nata lajeng jengkar ngadaton.
 1 Jejer ing nagari Wiratha, Prabu Basu Kiswara, mios ing pancaniti ingkang suniwi putra Raden Durgandana, twin Patih Kiswata miwah para punggawa pepak kang anangkil, ginem ; ingkang putra Dewi Durgandini gerah, kringetipun mambet awon. Kang nata nampi wangsiting Bathara, sinaning sakit manawi Dewi Durgandini kabucal ing Bangawan Silu Gangga. Sang nata lajeng dawuh dateng ingkang putra Raden Arya Durgandana twin Patih Kiswata. Ingkang putra Dewi Durgandini kinen ambekta dateng Bangawan silu Gangga. Patih matur sendika. Sang nata lajeng jengkar ngadaton.
 2 Madeg ing gupit mandragini, sang padni wara Dewi Nalikawati lenggah  ing praba suyasa. Ing ngadep para parekan jethi ingkang mungging ngarsa  putra Dewi Durgandini ginem anganti-anti kondorira sang nata. Kasaru  rawuhira sang nata pinethuk ing garwa miwah putra. Sang padni wara  lajeng kinanthi binekta lenggah satata. Sang nata paring dawuh mring  garwa, bilih kang putra Dewi Durgandini pinundhut arsa linabuh maring  Bengawan Silu Gangga. Prameswari nata twin ingkang miwah parekan sami  karuna. Dewi Durgandini lajeng katitih aken ing jempana. Sang nata  lajeng minggah ing sanggar palanggatan mengsah semadi.
    3 Madeg ing paseban jawi, Patih Kiswata twin punggawa ginem dennira  arsa ingutus sang nata sampun sami pradandan namung anganti-anti  miosipun putri nata Dewi Durgandini. Kasaru miosira Raden Arya  Durgandana angirid jempana tinitihan Dewi Durgandini, lajeng bidal  kapallan dumugi Bengawan Silu Gangga. Sang putri kadawuhaken ing palwa,  sampun katilar, anemahi gara-gara. Canthiking baita sineratan  cangkrimaning jawata, ingkang sami saged ambatang, inggih punika ingkang  saged maras aken sakittira tetep pajatu krama.
  4 Madeg pasanggrahan para nata sewu nagara, ginem ; mireng pawarta  bilih putra nata ing Wiratha Dewi Durgandini binucal ing Bengawan Silu  Gangga para nata saiyeg sami utusan wadya reksasa. Anyatakaken,  lampahing reksasa kapapag punggawa ing Wiratha, prang gagal,  simpang-simpangan.
  5 Madeg ing Jonggring Saloka sang Guru Lenggah ing bale marchu  kandha, ing ngadep hyang Narada twin para jawata, ginem ; wontening  gara-gara matumpa-tumpa. Aturing Hyang Narada. Atmajaning Begawan Sakri  anama Raden Palasara anggentur anggening tapa. Hyang Guru duka, utusan  widodari dinawuhaken anggodha mangkat kaliyan Resi Narada.
  6 Madeg ing awu-awu Sapta Arga, Begawan Palasara twin parekan Semar,  Nala Gareng, Petruk sang Begawan lajeng semedi. Datengipun widodari sami  ngrencana. Sang wiku datan kegah, lajeng wangsul lapor mring Sang Guru  tumedak twin Resi Narada, mindho peksi emprit nungsuh ing gegelunging  Begawan Palasara. Sareng wanci netes langkung rame. Sang wiku datan  kegah. Wasana peksi alit-alit datan linoloh langkung sangsara. Sang wiku  kurda. Peksi kakalih linajeng mabur tinututtan dumugi wana sapinggiring  Bengawan Silu Gangga, kapapag reksasa, prang sekar. Pejahing reksasa  peksi binujeng malih. Sareng dumugi pinggiring silu Gangga kaalangan  Bangawan peksi wonten ing brangler.
  7 Mangkono sang retna Durgandini, sareng  priksa wonten sujalma ngawe-awe, palwa den pinggiraken, Begawan Palasara  sapalepatira titiga sami numpak sedya ngungsir peksi. Kacarita  salebetipun wonten ing baita. Begawan Palasara pirsa cirining canthik  sampun kadhaha. Kawimbuhan mulat warnaning sang Dewi. Karenan ing  panggalih wantuning taruna derenging driya tan kena sidayutan temah  wijil tirta kamandanu ingusap aken katiring palwa sarta kinobok aken ing  warih. Wekasan sinarap ing rekatha twin mintambra. Kucappa Dewi  Durgandini, sareng panyatangipun saya rosa riwe medal kumyos anggondo  langkung arus sang Begawan kaget andangu, aturrira retna, inggih punika  purwanipun dumunung ing Silu Gangga. Pundi ingkang mulyaaken dados  pajatu krama nira. Sang Wiku welas ing galih lajeng nunuwun ing jawata  kaparingan rana ; kunir pethak. Kunir pethak dipun usadakaken sanalika  waluya, Retna tetep ginarwa. Wasana kundur angambah ing wana gajah aya.  Ing ngriku semedi mesthi warastra. Wana kabesmi, wekasan dadya nagari.  Sang Begawan sanalika jumeneng nata, praja wanastannan ing Astina. Sato  wana dalah prajanipun dados manungsa, suwita Sang Begawan. Rajaning sato  jejuluk Raja Andaka, Raja Peri, Raja Amariyi. Sareng sampun ngadaton  prameswari anggarbini, ambabar mios jalu pinaringan peparap Krisna  Dipayana. Lurah Semar marabbi Raden Biyasa. Para jawata sami rawuh  ngestrenni jumenengipun jumeneng nata twin babaring putra.
  8 Madeg ing Silu Gangga. Kocapa baledaking katirta dadya manungsa  kembar, lajeng taken tinaken purwaning dumadi, kasaru rawuhipun Hyang  Brama, paring pitedah, kinen maring nagari Ngastina saha pinaringan nama  Raden Kenca Karupa twin Raden Karupa Kenca. Gya bidal Sang Bathara laju  manjing jroning darmada, kasarengan pambabarira Rekatha Wati inggih  Dewi Siyutisna Wati. Ingkang jaler pinaringan paparap Raden Raja Mala.  Gya sami tinundung maring nagari Ngastina. Ing ngriku kapanggih kaliyan  sudarma nira sayekti.
  9 Madeg ing nagari Wiratha, Prabu Basu Kiswara, mios ngadep putra  Raden Arya Durgandana twin patih Kiswata atur uninga bilih putri nata  kang manggen ing Silu Gangga ; sirna, sarta ing wana Gajah Aya dados  nagari tan wonten ingkang jumeneng nata. Sang nata langkung duka. Dene  tan mawi ngaturi uninga, gya utusan ingkang putra Raden Arya Durgandana,  kinen nyirnak aken, Raden Arya Durgandana ngirid barisan ageng.
  10 Madeg ing nagari Ngastina sang Prabu Palasara lenggah ingadep  ingkang putra Raden Krisna Dipoyana twin Lurah Semar, Gareng, Pitruk  kasaru sowaniro Raden Rupa Kenca,Kenca Karupa katungka datengipun Dewi  Rekatha Wati twin Raden Raja Mala. Dinangu matur purwa madya wasana sang  nata ngungun pinupus ing papasthen putra sakawan lajeng pinasrahaken  kang garwa. Para putra mapag aken kang garwa. Kasaru geger ing jawi,  para putra mapag aken tiga pisan kawon. Raden Arya Durgandana laju  malbeng pura. Sang Nata rinangsang wani, temahhan kantaka gumuling siti.  Awas mulat prameswari nata , lumajeng ngrangkul kang rayi sarwi karuna  nyuwun aken pangaksama. Sang Wiku lilih, gya ngandika bilih Raden Arya  Durgandana dinaupaken kaliyan ingkang putra Dewi Rekatha Wati. aturripun  sandika pondongan, sigeg.
  11 Madeg ing Talkandha Resi Santanu, twin ingkang garwa Dewi Esthii  jumpeni, mentas ambabar putra kakeng lajeng seda, putra nama Dewa Brata,  Resi Santanu lumurug maring Wiratha, ambekta putra Raden Dewa Brata,  lajeng bidal.
  12 Madeg ing pasanggrahan para nata sewu nagari nampeni aturing duta  reksasa, sami duka, sedya ngrisak praja Wiratha enggal anata punggawa,  gya bidallan.
  13 Madeg ing nagari Ngastina, Prabu Palasara lenggah ingadep garwa  twin para putra. Kasaru praptaning Bagawan Sentanu nguwuh-uwuh minta  tanding. Para putra arsa mapag sang nata mambeng, awit langkung awrat  tandingngira. Sang Prabu mapag piyambak, prang tanding langkung rame,  tan ana kasarran, wekassan tumuruning para jawata misah sang pancakara.  Shang Narada cangkriman kinen milih Sah Sampurna
  Bagawan Sentanu milih sah, Prabu Palasara milih sampurna. Tegesipun  Bagawan Sentanu milih Suralaya, sampun sinauran geter pater. Begawan  Sentanu mukti wibawa nanging cures. Prabu Palasara lastantun ngesaraken  neptu panca driya yonurunaken para nata lan sapamunggillannipun. Resi  Narada muksa, Prabu Palasara pamit wangsul mring Sapta Arga, garwa para  putra dalah praja katilar. Dewi Durgandini dalah putra wangsul dateng  Wiratha. Begawan Sentanu tutwuri mring Wiratha, nedya anggarwo mring  Dewi Durgandini, awit sanget kasmaran ing wardayanipun.
  14 Madeg ing nagari Wiratha, sang Prabu Basu Kiswara, mios ing  pandapi ingadep patih Kiswata, kasaru praptaning Raden Arya Durgandana  sakkadang putra sadaya, matur amiwiti dumugi wekasan. Welingipun Resi  Palasara garwa Dewi Durgandini sampun pinegat supados kadamela sayembara  pilih kemawon. Sang nata pinuju ing galih, gya den undang aken lenggah  ing panggungungan. Para narendra sewu nagari lajeng majeng  satunggal-satunggal nanging tan ana ingkang tinampen, sareng Resi  Sentanu majeng ambekta Raden Dewa Brata, punika dadia pinuju ing  panggalih, inggih lajeng kadaupaken, Raden Dewa Brata dipun emung Dewi  Durgandini, Begawan Sentanu ugi lajeng jumeneng nata ing Gajah Aya.
  15 Madeg para nata sewu nagari, mireng bilih Dewi Durgandini sampun  daup kaliyan Resi Sentanu, lajeng sami angrisak kitho, damel reresah,  pinapag aken Resi Santanu prang rame. Para nata sewu nagari kawon, sang  nata kalempakkan twin putra mantu, Santana miwah wadya sami mangun  bajana andra wina, bibar, tancep kayon. 
 
